2 Chronicles 29:34 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging cacahe imam kesithiken, mulane ora keconggah ngeleti sakehe kurban obaran. Awit saka iku para sadulure, para wong Lewi, mbiyantu nganti sarampunge pagawean lan nganti para imam wus padha nucekake awake. Amarga para wong Lewi iku anggone nucekake awake luwih tumemen tinimbang para imam.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging tyatyahé imam ketitiken, mulané ora kuwat ngelèti sak okèhé kurban obongan. Awit sangka kuwi para seduluré, para wong Lèwi, ngréwangi nganti sak rampungé penggawéan lan nganti para imam wis pada nyutyèkké awaké. Awit para wong Lèwi kuwi enggoné nyutyèkké awaké luwih temen tenimbangané para imam.