2 Chronicles 31:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tumrap tedhake Rama Harun, yaiku para imam, kang padha manggon ing pangonan-pangonan ing sakubenge kutha-kuthane, ing saben kutha ana wong-wong kang kalawan dipratelakake jenenge, tinuding ngedum-edum marang saben wong lanang gegelitaning brayat imam lan marang saben wong Lewi kang klebu ing dhaftar.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo tyedak turunané Harun, ya kuwi para imam, sing pada manggon ing panggonan-panggonan ing sak ubengé kuta-kutané, ing saben kuta ana wong-wong sing karo diomongké jenengé, dipilih ngedum-edum marang saben wong lanang golongané brayat imam lan marang saben wong Lèwi sing klebu ing daftar.