2 Chronicles 31:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong Israel lan wong Yehuda kang padha manggon ing kutha-kutha ing tanah Yehuda uga masrahake pisungsung pra-sapuluhan, awujud sapi lan wedhus, lan pisungsung pra-sapuluhan kang arupa pisungsung suci kang wus kasucekake kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahe. Kabeh iku diselehake nganti tumpuk-tumpuk.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong Israèl lan wong Yéhuda sing pada manggon ing kuta-kuta ing tanah Yéhuda uga masrahaké pisungsung prasepuluhan, rupa sapi lan wedus lan pisungsung prasepuluhan sing rupa pisungsung sutyi sing wis disutyèkké kanggo GUSTI, Gusti Allahé. Kabèh kuwi disèlèhké nganti tumpuk-tumpuk.