2 Chronicles 32:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Sanherib uga damel serat kang kebak panacad lan pangala-ala marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang surasane mangkene: “Kayadene para allahe bangsa-bangsa sakehe nagara liya ora bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun, mangkono uga Allahe Hizkia iya ora bakal bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sanherib uga nggawé layang sing kebak nyatyat lan ngèlèk-èlèk marang GUSTI, Gusti Allahé Israèl, sing isiné mengkéné: “Kaya para allahé bangsa-bangsa sak okèhé negara liyané ora bisa ngluwari bangsané sangka tanganku, mengkono uga Gusti Allahé Hiskia ya ora bakal bisa nylametaké bangsané sangka tanganku.”