2 Chronicles 32:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Yehuwah nuli ngutus malaekat kang nyirnakake sakehing prawira kang gagah prakosa, para pangarep lan panggedhening wadya-bala kang ana ing pakuwone Sang Nata ing Asyur, satemah banjur padha bali menyang nagarane kalawan nandhang kawirangan. Sang Prabu kasedanan kalawan pedhang dening para putrane piyambak nalika lumebu ing kabuyutane allahe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
GUSTI terus ngutus mulékat sing ngentèkké kabèh suradadu sing gagah lan rosa-rosa, para pengarep lan penggedéné suradadu ing tarupé ratu Asyur, terus pada bali menyang negarané karo ngalami kewirangan. Ratu Asyur dipatèni karo pedang karo para anaké déwé waktu mlebu ing omah allahé.