2 Chronicles 32:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngluwari Sang Prabu Hizkia lan para wong kang manggon ing Yerusalem saka ing astane Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, lan saka ing tangane sakehe mungsuhe. Sarta Panjenengane ngganjar katentreman marang wong kabeh ana ing ngendi-endi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kaya mengkono enggoné GUSTI ngluwari Hiskia lan para wong sing manggon ing Yérusalèm sangka tangané Sanherib, ratu Asyur lan sangka tangané sak kabèhé mungsuhé. Lan Panjenengané mberkahi katentreman marang wong kabèh ing ngendi-endi.