2 Chronicles 32:33 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Hizkia nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan kasarekake ing unggah-unggahan kang anjog ing pasareane para putrane Sang Prabu Dawud. Nalika sedane wong satanah Yehuda kabeh lan para kang manggon ing Yerusalem padha nyaosi pakurmatan marang panjenengane. Pangeran Manasye, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Hiskia terus dililani lan nunggal karo para leluhuré, lan dikubur ing unggah-unggahan sing nuju ing kuburané para anaké Daved. Waktu matiné wong sak tanah Yéhuda kabèh lan para sing manggon ing Yérusalèm pada ngekèki hurmaté marang piyambaké. Manasé, anaké, terus dadi ratu nggentèni piyambaké.