2 Chronicles 32:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sing mèlu dèwèké kuwi tangan manungsa, nanging sing ngréwangi kita kuwi GUSTI, Gusti Allah kita, Panjenengané ngréwangi kita lan sing mimpin perang kita.” Awit sangka tembungé Hiskia, ratu ing Yéhuda sing mengkono kuwi rayat terus mantep menèh atiné.