2 Chronicles 33:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
sarta ndedonga marang Panjenengane. Pangeran Yehuwah banjur ngabulake pandongane lan minangkani panyuwune. Gusti Allah mangsulake panjenengane menyang Yerusalem tuwin kajumenengake ratu maneh. Sang Prabu Manasye nuli ngakeni, manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan ndedonga marang Panjenengané. GUSTI terus nuruti pandongané lan nuruti penjaluké. Gusti Allah mbalèkké piyambaké menyang Yérusalèm lan diangkat dadi ratu menèh. Manasé terus ngakoni, yèn GUSTI kuwi Gusti Allah.