2 Chronicles 34:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Imam Agung Hilkia nuli mundur bebarengan karo para priyagung kang padha ngemban dhawuhe Sang Nata, banjur padha tindak menyang ing daleme Nabi Hulda, nabi wanita, semahe lurah reksa busana, yaiku Salum bin Tokhat bin Hasra. Nabi wanita iku daleme ana ing Yerusalem, ana ing pakampungan anyar. Para priyagung mau tumuli padha mratelakake prelune anggone kautus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Imam gedé Hilkia terus lunga bebarengan karo para penggedé sing pada mikul préntahé ratu, terus pada lunga menyang nabi Hulda, nabi wadon, bojoné juru ngrumat sandangan, ya kuwi Salum, anaké Tokat, anaké Hasra. Nabi wadon kuwi manggon ing Yérusalèm, ing désa anyar. Para penggedé mau terus pada ngomongké perlune enggoné diutus.