2 Chronicles 34:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Agung Hilkia prelu masrahake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Allah lan kang wus kaklumpukake dening para wong Lewi, yaiku para jaga-gapura, saka para wong Manasye lan Efraim, sarta sakehe wong Israel kang isih manggon ana ing kono tuwin uga saka wong Yehuda lan Benyamin apadene saka para wong kang manggon ing Yerusalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi terus pada nemoni ing ngarepé imam gedé Hilkia perlu masrahaké duwit sing wis dilebokké menyang griyané Gusti Allah lan sing wis diklumpukké karo para wong Lèwi, ya kuwi para penjaga-gapura, sangka para wong Manasé lan Efraim lan sak kabèhé wong Israèl sing ijik manggon ing kono lan uga sangka wong Yéhuda lan Bényamin, uga sangka para wong sing manggon ing Yérusalèm.