2 Chronicles 35:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Nekho ngintunake utusan marang Sang Prabu Yosia, kadhawuhan nglantaraken pangandikane kang mangkene: “Panjenengan kagungan urusan punapa kaliyan kula, Sang Prabu ing Yehuda? Wekdal punika kula boten nglurugi panjenengan, nanging nglawan dhateng ratu ingkang saweg kula perangi. Gusti Allah dhawuh dhateng kula supados enggal-enggal tumandang. Milanipun kula aturi nyandekaken karsa panjenengan nglawan dhateng Gusti Allah ingkang nunggil kaliyan kula, supados panjenengan sampun ngantos kasirnakaken dening Panjenenganipun!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Neko ngirimké kongkonan marang Yosia, dikongkon ngabaraké tembungé sing mengkéné: “Sampéyan nduwé urusan apa karo kula, ratu ing Yéhuda? Waktu iki kula ora ngluruk sampéyan, nanging nglawan marang ratu sing ijik kula merangi. Gusti Allah ngongkon marang kula supaya gelis-gelis tandang. Mulané kula njaluk ngendek karep sampéyan nglawan marang Gusti Allah sing nunggal karo kula, supaya sampéyan aja nganti dientèkké karo Panjenengané!”