2 Chronicles 35:24 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para pandhereke padha mindhah panjenengane saka ing kreta titihane menyang ing kreta cadhangan, lan banjur kadherekake kondur menyang ing Yerusalem. Sang Nata tumuli seda lan banjur kasarekake ana ing pasareane para leluhure. Wong satanah Yehuda lan ing Yerusalem kabeh padha nindhakake patangisan, tumuju marang sang Prabu Yosia.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para balané pada mindah piyambaké sangka kréta tumpakané menyang kréta liyané lan terus digawa mulih menyang ing Yérusalèm. Ratu terus ninggal ndonya lan dikubur ing kuburané para leluhuré. Wong sak tanah Yéhuda lan ing Yérusalèm kabèh pada nindakké petangisan, tumuju marang Yosia.