2 Chronicles 35:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para panggedhening wadya-bala iya padha paring pasumbang kalawan manasuka marang rakyat, para imam lan para wong Lewi. Sawuse mangkono Imam Agung Hilkia, Sang Zakharia lan Sang Yehiel, para panggedhening padalemaning Allah, padha maringi marang para imam wedhus rong ewu nem atus minangka kurban Paskah lan kajaba iku uga sapi telung atus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para penggedéné suradadu ya pada ngekèki sumbangan karo kebungahan marang rayat, para imam lan para wong Lèwi. Sakwisé mengkono imam gedé Hilkia, Sakaria lan Yehièl, para penggedéné griyané Gusti Allah, pada ngekèki marang para imam wedus 2.600 kanggo kurban Paskah lan kejaba kuwi uga sapi 300.