2 Chronicles 36:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Yehuwah nuli ndhatengake ratune wong Kasdim, kang banjur nglawan marang wong-wong mau. Sang Prabu dhawuh mateni para jakane kalawan pedhang ana ing dalem pasucene, sarta ora ngatingalake pangemane marang jaka utawa prawan, wong tuwa utawa wong uwanen -- kabeh padha kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
GUSTI terus nekakké ratuné wong Kasdim, terus nglawan marang wong-wong mau. Ratu ngongkon matèni para nom-noman lanang karo pedang ing griya sutyiné lan ora ngétokké rasa emané marang nom-noman lanang utawa prawan, wong tuwa utawa wong uwanen - kabèh pada dipasrahké karo GUSTI ing tangané.