2 Chronicles 36:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing taun kang kawitane jamane Sang Prabu Koresy, ratu ing Nagara Persia, Pangeran Yehuwah ngebahake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau -- iku supaya kelakona pangandikane kang kalairake lumantar Nabi Yeremia -- satemah banjur dhawuh ngundhangake ing saindenging karajane Sang Prabu Koresy, kanthi patrap lesan lan katulis pangumuman kang suraose mangkene:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing taun sing wiwitané jamané Korèsy, ratu ing negara Pèrsia, GUSTI ngrogoh atiné Korèsy, ratu ing Pèrsia mau - supaya kelakona tembungé sing diomongké lantaran Yérémia - terus ngetokké préntah ing sak ubengé kratoné Korèsy, karo tyara tembung lan ketulis ngabaraké sing mengkéné: