2 Chronicles 4:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse iku banjur damel “segaran” cithakan jembare saka pinggir tekan pinggir sepuluh asta, wangune bunder kepleng, jerone limang asta, kubenge manawa kaukur nganggo tali ana telung puluh asta.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé kuwi terus nggawé segara-segaraan tyitakan jembaré sangka pinggir tekan pinggir sepuluh éluh, modèlé bunder mubeng, njeruhné limang éluh, mubengé yèn diukur nganggo tali ana telung puluh éluh.