2 Chronicles 5:1 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono wus rampung sakehe pagawean kang ditindakake dening Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku. Sawuse mangkono Sang Prabu Suleman banjur nglebetake barang-barange suci Sang Prabu Dawud, kang rama, lan maringake selaka, emas lan barang-barang mau ana ing pasimpenan ing padalemaning Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kadung wis rampung sakkèhé penggawéan sing ditindakké karo Salomo kanggo omahé GUSTI kuwi. Sakwisé mengkono Salomo terus nglebokké barang-barangé sutyiné Daved, bapaké lan ngekèkké slaka, emas lan barang-barang mau ing gedong simpenan ing griyané Gusti Allah.