2 Chronicles 5:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Sang Prabu Suleman lan sakehe umat Israel kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, padha ana ing sangareping pethi lan padha nyaosake kurban wedhus lan sapi kang cacahe ora kena kaetung utawa kawilang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Salomo lan sakkèhé umat Israèl sing pada nglumpuk ing ngarepé, pada ing ngarepé peti lan pada masrahaké kurban wedus lan sapi sing tyatyahé ora kena diitung saking okèhé.