2 Chronicles 6:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa nglestantunaken janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, inggih punika pangandika Paduka: Turunira bakal ora ana pedhote ana ing ngarsaningSun lan bakal lestari lungguh ing dhamparing karajan Israel, anggere anak-anakira padha tansah lumaku manut ing angger-anggeringSun kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané saiki, duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, Panjenengan supaya gelem nglestarèkké janji Panjenengan marang Daved, bapak kula, ya kuwi tembungé Panjenengan: Turunanmu bakal ora ana pedoté ing ngarep-Ku lan bakal tetep lungguh ing damparé kraton Israèl, angger anak-anakmu pada tansah mlaku miturut ing angger-angger-Ku kaya enggonmu mlaku ing ngarep-Ku.