2 Chronicles 6:41 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wondene sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng saha tedhak ing papan pakendelan Paduka, Paduka kaliyan pethining karosan Paduka. Mugi para imam Paduka, dhuh Yehuwah Allah, sami sinandhangana ing karaharjan, tuwin para tiyang ingkang Paduka tresnani sami abingah-bingaha margi saking kasaenan Paduka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Malah saiki, duh GUSTI, Gusti Allah, Panjenengan supaya gelem ngadek lan lungaa menyang panggonan kanggo mandeké Panjenengan, Panjenengan karo petiné karosan Panjenengan. Supaya para imam Panjenengan, duh GUSTI, Gusti Allah, pada disandangi karo katentreman, lan para wong sing Panjenengan trésnani pada bungah-bungah awit sangka kabetyikan Panjenengan.