2 Chronicles 7:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
apamaneh saben wong kang liwat padaleman kang banget anggone kaluhurake iki, bakal gumun lan ngucap: Apa ta sababe dene Pangeran Yehuwah nganti nandukake kang mangkene iki marang nagara kene lan marang padaleman iki?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
uga saben wong sing liwat griya sing banget enggoné diluhurké iki, bakal nggumun lan ngomong: Apa ta sebabé GUSTI nganti nindakké sing mengkéné iki marang negara kéné lan marang griya iki?