2 Chronicles 7:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Minangka kurban sembelehan Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rong puluh ewu. Kaya mangkono anggone Sang Prabu lan wong sabangsa kabeh padha ngresmekake padalemaning Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo kurban sing dibelèh Salomo masrahaké sapi 22.000 lan wedus 120.000. Kaya mengkono enggoné ratu lan wong sak bangsa kabèh pada ngresmèkké griyané Gusti Allah.