2 Chronicles 8:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
lan uga Baalat sarta sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, sakehe kutha panggonane wadya-bala kretan tuwin kutha-kutha panggonane wadya-bala jaranan lan apa bae kang dikarsakake dening Sang Prabu Suleman supaya didegake ana ing Yerusalem, ing gunung Libanon, utawa ing sakehe nagara kang dikwaosi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan uga Baalat lan ing ngendi waé kuta simpenan duwèké Salomo, sak okèhé kuta panggonané suradadu kréta lan kuta-kuta panggonané suradadu jaran lan apa waé sing dikarepké karo Salomo supaya didekké ing Yérusalèm, ing gunung Libanon, utawa ing sak okèhé negara sing dikwasani.