2 Chronicles 9:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing sandhinge lengenan ana singane ngadeg loro sarta ing sadhuwure sungsun enem iku ana singane rolas kang padha ngadeg arep-arepan; kang kaya mangkono iku durung tau ana ing sadhengaha karajan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sandingé lengenan ana retya singané ngadek loro lan ing sak nduwuré susun enem kuwi ana singané rolas sing pada ngadek adep-adepan; kaya mengkono kuwi durung tau ing saben kraton.