2 Chronicles 9:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Suleman kagungan prau kapal, kang padha lelayaran menyang ing Tarsis bebarengan karo para kawulane Sang Prabu Huram; telung taun sepisan kapal-kapal Tarsis mau padha teka nggawa emas lan selaka sarta gadhing; uga kethek lan manuk merak.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Salomo nduwé prau kapal, sing pada lelungan menyang Tarsis bebarengan karo para abdiné Huram; telung taun sepisan kapal-kapal Tarsis mau pada teka nggawa emas, slaka lan gading; uga ketèk lan manuk merak.