2 Corinthians 1:12 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, apa ta sing marakké aku kendel? Jalaran aku rumangsa resik ing lair lan batin marang kabèh wong, malah-malah marang kowé sing pada nurut Gusti. Aku blaka marang kowé, awit kuwi sing dikarepké karo Gusti Allah. Enggoné awaké déwé nduwé rumangsa resik ing lair lan batin kuwi ora manut tyarané wong pinter nang jagat kéné, ora, nanging manut karepé Gusti Allah lan sangka pitulungané Gusti Allah sing gedé kabetyikané.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iki sing kita pada gunggungké, ya kuwi paseksiné swarané ati kita, yèn mlaku kita ing jagat iki, apa menèh ing bab gegandengan kita karo kowé kabèh, kuwi temen lan murni sing asalé sangka Gusti Allah, ora awit sangka kawityaksanan tyara kadonyan, nanging awit sangka kekuwatané kawelasané Gusti Allah.