2 Corinthians 1:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yen aku padha nemu kasusaha, iku dadi panglipur lan karahyonmu; dene yen aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowe padha oleh kakuwatan kang njalari kowe padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané para sedulur, nèk aku ngalami kasangsaran, tujuané ya namung kanggo nulungi lan nguwatké kowé, supaya kowé bisa kuwat terus tekan entèk-entèkané, yakuwi mbésuk, nèk Gusti Allah bakal nylametké kowé sak kabèhé. Semono uga para sedulur, nèk Gusti Allah nulungi awaké déwé, tujuané namung supaya kowé pada ngerti nèk Dèkné bisa nulungi lan nguwatké kowé uga. Dadiné kowé bisa kuwat nyangga kasusahan apa waé, awit kowé uga wis blajar pasrah marang Gusti Allah, kaya enggoné awaké déwé pasrah marang Dèkné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn kita pada nemu kasusahan, kuwi dadi panglipuran lan keslametanmu; nanging yèn kita pada olèh panglipur, kuwi ya dadi panglipurmu, terus kowé pada olèh kekuwatan sing njalari kowé pada sabar ing sak njeruhné kasangsaran sing pada kaya sing kita alami.