2 Corinthians 10:15 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku ora padha ngegungake pagawean kang dilakoni dening wong liya, ana ing wilayah pagawean kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, manawa pracayamu saya mundhak, aku bakal oleh pakurmatan luwih gedhe maneh ana ing antaramu, yen katandhing karo wilayah pagawean kang katemtokake kanggo aku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, nèk aku ngomong nèk kowé dadi rengganku, aku ora goroh lan aku ora ngliwati watesé penggawéanku, awit dudu liyané, nanging aku déwé sing nggawa kabar kabungahané Kristus nang nggonmu. Nanging pengarep-arepku, pengandelmu bisaa mundak terus, supaya penggawéanku nang tengahmu uga bisa mundak gedé, tanpa ngliwati wates sing wis dityatet karo Gusti Allah kanggo aku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kita ora nggedèkké penggawéan sing ditandangi karo wong liyané, ing panggonan penggawéan sing duduk kanggo kita, nanging pengarep-arep kita, yèn pertyayamu saya mundak, kita bakal olèh panghurmatan luwih gedé menèh ing tengahmu, yèn ditandingké karo panggonan penggawéan sing ditemtokké kanggo kita.