2 Corinthians 10:16 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iya, uripku iki pancen supaya padha bisa martakake Injil menyang ing laladan kang luwih adoh katimbang karo laladanmu, lan ora ngegung-egungake wohing pagawean kang wus katindakake dening liyan ana ing wilayahe kono dhewe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk kuwi wis klakon, aku bisa nggelarké kabar kabungahané Kristus nang panggonan-panggonan liya sing adoh-adoh. Awit aku ora gelem ngegungké bab penggawéan sing wis dikerjani nang keboné wong liya.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya, urip kita iki pantyèn supaya bisa ngabaraké Injil menyang bawah sing luwih adoh tenimbang karo panggonanmu, lan ora ngunggul-unggulké wohé penggawéan sing wis ditindakké karo wong liyané ing panggonan sing ditemtokké kanggo wong mau.