2 Corinthians 11:9 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Karomaneh nalika aku ana ing tengah-tengahmu nandhang kakurangan, aku ora gawe rubeding wong, awit apa kang kurang wus dicukupi dening para sadulur kang teka saka ing tanah Makedhonia. Ing samubarang prakara dakjaga aja nganti dadi gawemu, lan sateruse aku bakal mangkono.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Suwéné aku nang nggonmu aku ya ora tau ngrusui kowé nèk aku butuh apa-apa. Sak ngertiku aku ora tau njaluk duwit marang sapa-sapa, awit sedulur-sedulur sing teka sangka Masedonia wis pada nyukupi butuhku. Dadiné aku ora tau dadi rengganmu kepriyé waé lan sak terusé ya ora.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Karo menèh nalika aku ing sak tengahmu, aku ngalami kekurangan, aku ora nggawé répoté wong, awit apa sing kurang wis dityukupi karo para sedulur tunggal pertyaya sing teka sangka Makédonia. Ing samubarang perkara tak jaga aja nganti dadi tanggunganmu, lan sak terusé aku bakal mengkono.