2 Corinthians 12:18 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pancen aku wus njaluk tulung marang Titus supaya mangkat lan aku banjur akon sadulur liyane iku supaya ngancani dheweke. Apa Titus njupuk kauntungan saka kowe? Apa aku sakloron ora lumaku manut roh kang padha, lan apa aku sakloron ora lumaku manut cara kang padha?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku ngongkon sedulur Titus niliki kowé bareng karo sedulur Kristen liyané. Apa sedulur Titus ngakali kowé? Lak ora ta? Kowé déwé ngerti nèk sedulur Titus karo aku ora séjé pikirané lan tumindaké kanggo kowé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pantyèn aku wis njaluk tulung marang Titus supaya budal lan aku terus ngongkon sedulur liyané kuwi supaya ngantyani. Apa Titus njupuk bati sangka kowé? Apa aku wong loro ora nandangi miturut roh sing pada, lan apa aku wong loro ora nandangi miturut tyara sing pada?