2 Corinthians 13:10 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yaiku sababe anggonku sapisan iki nulis saka ing kadohan, supaya manawa aku mengko ana ing antaramu, aku ora kapeksa tumindak kereng miturut wewenang kang kaparingake dening Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Yakuwi jalarané aku nulis layang iki marang kowé, saiki pumpung aku ijik adoh karo kowé. Dadiné nèk aku teka nang nggonmu aku ora usah nganggokké pangwasaku sangka Gusti lan nggarap kowé nganggo tyara sing keras. Awit Gusti ngekèki pangwasa marang aku kanggo ngangkat kowé, ora kanggo nyemplakké kowé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya kuwi sebabé enggonku nulis perkara-perkara iki sangka kadohan, supaya yèn aku mengko ing tengahmu, aku ora kepeksa nandangi kereng miturut wewenangé sing dikèkké karo Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrubuhké.