2 Corinthians 13:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ora liwat para sedulur, pada bungaha. Pada nglumui tenan supaya sembarang bisa dadi apik kabèh nang nggonmu kono. Pada nglipura sakpada-pada lan pada uripa sing rukun lan tentrem. Mengko Gusti Allah mesti bakal mberkahi kowé kabèh, awit Dèkné sing bisa ngekèki katrésnan lan katentreman.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pungkasané, para sedulurku, pada bungaha, ngupayaa dadi sampurna. Tampanana sak kabèhé pepélingku. Pada sak ati lan pikiran, lan pada rukuna lan sing tentrem, mesti Gusti Allah sumberé katrésnan lan katentreman bakal nunggal karo kowé!