2 Corinthians 2:17 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit aku kabeh ora padha karo wong liya kang akeh-akeh, kang padha mburu kabegjan saka pangandikaning Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristus aku padha ngucap ing samesthine kanthi kekarepan-kekarepan kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, aku ora kaya liya-liyané sing pada nggelarké pituturé Gusti kanggo nggolèk bati, ora béda kaya bakul sing ngiderké dagangané kaé, ora. Nanging awaké déwé iki dadi peladèné Kristus, awaké déwé ngerti nèk Gusti Allah déwé sing mréntah awaké déwé. Dèkné nyawang awaké déwé lan Dèkné ngerti nèk awaké déwé nyambutgawé karo ati sing resik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kita ora pada karo wong okèh liyané, sing pada nguber bati karo nawak-nawaké tembungé Gusti Allah. Kosok baliné ing Kristus kita pada ngomong ing sak mestiné karo tujuan-tujuan sing murni awit sangka préntahé Gusti Allah lan ing ngarepé Gusti Allah.