2 Corinthians 4:6 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!” iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kenèng apa aku kok kepéngin nuruti kekarepané Gusti Yésus para sedulur? Awit Gusti Allah, sing mbiyèn-mbiyèné, dongé namung ènèng peteng, nekakké pepadang, Gusti Allah déwé nylorotké pepadangé ing atiku nganggo pituturé Gusti Yésus. Dadiné aku saiki bisa ngerti sepira gedéné katrésnané lan pangwasané Gusti Allah, sing dikétokké karo Gusti Yésus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit Gusti Allah sing wis ngomong: “Sangka pepeteng bakal ana pepadang sing semlorot!” Panjenengané uga sing nylorotké pepadangé ing ati kita, supaya kita kepadangan ing kaweruh bab kamulyané Gusti Allah sing kétok ing praupané Kristus.