2 Corinthians 5:12 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku ora arep ngelem awakku déwé nang ngarepmu, ora, nanging aku namung ndunungké marang kowé nèk ora usah wedi ngomong sing betyik bab aku. Dadiné kowé bisa mangsuli sak beneré marang wong-wong, sing pada ngegungké manungsa manut kétoké, ora manut kasukmané.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kita ora pada ngapikké awaké déwé menèh marang kowé, nanging kita pada ngekèki kelunggaran kowé bisa ngunggul-unggulké kita, supaya kowé bisa ngadepi para wong sing gemunggung kanggo perkara pernatan lair, ora perkara-perkara pernatan batin.