2 Corinthians 7:10 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit para sedulur, sedi nèk sangka Gusti Allah kuwi malah marakké wong ngrumangsani salahé, supaya njaluk ngapura marang Gusti Allah. Dadiné sedi kaya ngono kuwi malah nekakké keslametan, ora ndadèkké gela ing tembé-mburi. Nanging sedi sak tyarané wong sing ora pretyaya marang Gusti Allah kuwi béda, kuwi nekakké pati. Awit senajan rumangsa salah, nanging ora pada njaluk ngapura marang Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kasusahan sing tyotyok karo karepé Gusti Allah kuwi nekakké mratobat sing nuntun marang keslametan sing ora nggawé getun, nanging kasusahan sing sangka jagat iki nukulké pati.