2 Corinthians 7:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab padha gatekna: kasedhihan kang nyondongi karsaning Allah iku malah marakake kowe padha temen banget, malah nuwuhake panjawab, gela, wedi, kasregepan, pameleh! Ing bab iku kabeh kowe wus padha nelakake manawa ora kaluputan ing prakara iku.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lah kowé wis pada ngalami sedi sing sangka Gusti Allah, dipikir déwé sedulur apa éntuk-éntuké! Wujuté saiki kowé pada mempeng tenan enggonmu nggarap sedulur sing salah, kowé uga tenanan enggonmu mbélani aku. Saiki ya kétok tenan nèk kowé sengit karo barang sing ala, awit saiki ketara tenan nèk kowé wedi marang Gusti Allah. Saiki kowé malah kangen tenan marang aku, kepéngin nduduhké marang aku nèk kowé saiki pada manut marang Gusti Allah lan gelem nggarap sedulur sing nggawé dosa. Kuwi mau kabèh ngekèki tanda nèk kowé kepéngin nglakoni sing bener.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit pada gatèkna tenan kesedihan sing tyotyok karo karepé Gusti Allah kuwi malah njalari kowé mundak mempeng enggonmu pada mbuktèkké yèn ora salah, jèngkèl, wedi, kangen, karep sing tenanan, paukuman! Ing bab kuwi kabèh kowé wis pada mbuktèkké yèn ora kesalahan.