2 Corinthians 7:4 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Karo kowe iku aku blak-blakan banget, lan uga banget anggonku ngegung-egungake kowe. Sajrone aku padha nandhang susah, aku kebak panglipur, lan kaluberan kabungahan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, aku pantyèn bisa blaka tenan marang kowé lan kowé pantyèn kenèng tak gawé pamèran. Senajan aku ngalami kasusahan okèh, jalaran kowé nglipur aku, atiku bisa kebek karo kabungahan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Karo kowé kuwi aku blaka banget, lan uga banget enggonku ngunggul-unggulké kowé. Sak njeruhné aku pada ngalami susah, aku kebak panglipuran lan kalubèran kabungahan.