2 Corinthians 8:9 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit para sedulur, pada élinga marang Yésus Kristus, Gustiné awaké déwé, sing trésna tenan marang awaké déwé. Senajan Dèkné sugih, Dèkné saguh nglakoni kemlaratan kanggo nglabuhi kowé. Dadiné sangka kemlaratané Gusti Yésus Kristus kowé bisa nampa kasugihan sing wis dityawiské karo Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kowé wis pada weruh kawelasané Gusti kita Yésus Kristus, ya kuwi yèn Panjenengané, sing sangka kowé dadi mlarat, senajan Panjenengané kuwi sugih, supaya kowé dadia sugih sangka kemlaratané Gusti Yésus.