2 Kings 1:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu nuli utusan maneh sawijining opsir liyane sabawahane wong seket. Opsir iku matur marang Nabi Elia: “He abdining Allah, mangkene dhawuhe Sang Prabu: Mudhuna dienggal!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus kongkonan menèh sakwijiné penggedéné suradadu liyané sak bawahané suradadu sèket. Penggedéné suradadu iku ngomong marang Nabi Elia: Hé abdiné Gusti Allah, mengkéné préntahé ratu: Gelis muduna!