2 Kings 1:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus kongkonan njaluk pituduh marang Baal-Zebub, allah ing Ekron, kaya-kaya ing Israel ora ana Allah kang kena kasuwunan pitedahe, mulane sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nabi Elia terus ngomong marang ratu: Mengkéné tembungé GUSTI: Awit sampéyan wis kongkonan njaluk tulung marang Baal-Sebub, allah ing Ekron, kaya-kaya ing Israèl ora ana Gusti Allah sing bisa kok jaluki pitulungan, mulané sampéyan ora bakal tangi menèh sangka peturonmu, awit sampéyan mesti bakal mati.