2 Kings 1:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Malaekate Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Elia, wong ing Tisbe: “Ngadega, mangkata, nemonana para utusane ratu ing Samaria lan kandhaa marang wong mau: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene kowe nganti padha njaluk pituduh marang Baal-Zebub allah ing Ekron?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Mulékaté GUSTI ngetokké tembung marang Elia, wong Tisbé: Ngadeka, lungaa, nemoni para kongkonané ratu ing Samaria lan omongana marang wong mau: Apa ing Israèl ora ana Gusti Allah, sampéyan nganti pada njaluk tulung marang Baal-Sebub allah ing Ekron?