2 Kings 1:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unjuke marang Sang Prabu: “Wonten tiyang ingkang nyegat dhateng kawula, kawula sami dipun cariyosi: Padha balia marang ing ngarsane ratu kang ngutus kowe lan munjuka: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene sira nganti utusan miterang marang Baal-Zebub, allah ing Ekron? Awit saka iku sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré marang ratu Ana wong sing nyegat kita, lan kita diomongi: Kana bali marang ratu sing ngutus sampéyan lan ngomonga: Mengkéné tembungé GUSTI: Apa ing Israèl ora ana Gusti Allah, nganti sampéyan kongkonan marang Baal-Sebub, allah ing Ekron? Awit sangka iku sampéyan ora bakal tangi menèh sangka peturonmu, awit sampéyan bakal mati.