2 Kings 10:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wus tindak saka ing kono, tumuli kepanggih karo Yonadab bin Rekhab kang methuk panjenengane. Sang Prabu uluk salam marang dheweke kalawan ngandika: “Atimu apa temen kayadene katemenaning atiku marang kowe?” Unjuke Yonadab: “Inggih temen.” “Manawa mangkono, ayo salaman!” Yonadab nuli ngathungake tangane, banjur kadhawuhan munggah ing keta dening Sang Prabu Yehu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wis lunga sangka kono, terus ketemu karo Yonadab anaké Rekab sing metuki dèkné. Terus mbagèkké keslametan marang dèwèké lan ngomong: “Atimu apa temen kaya temené atiku marang sampéyan?” Semauré Yonadab: “Ya temen.” “Yèn mengkono, hayuk salaman!” Yonadab terus ngelungké tangané, terus dikongkon munggah ing kréta karo Yéhu.