2 Kings 10:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Yehu tumuli ngandika marang wong kang manggedheni gedhong sandhangan: “Sandhangan kanggo saben wong kang nyembah marang Baal wetokna!” Sandhangan kanggo wong-wong mau banjur diwetokake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yéhu terus ngomong marang wong sing dipasrahi gedong sandangan: Sandangan kanggo saben wong sing nyembah marang Baal tokna! Sandangan kanggo wong-wong mau terus dietokké.