2 Kings 10:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli lumebet ing omah kabuyutane Baal mau kadherekake Yonadab bin Rekhab sarta nuli ngandika marang para wong kang padha nyembah marang Baal: “Titipriksanen lan delengen, aja nganti ana wong siji bae ing satengahmu ing kene kang dadi abdining Pangeran Yehuwah, kejaba mung wong kang padha nyembah marang Baal.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Yéhu terus mlebu ing omah Baal mau ditutké Yonadab anaké Rekab lan terus ngomong marang para wong sing pada nyembah marang Baal: Deloken lan matké, aja nganti ana wong siji waé ing tengahmu kéné abdiné GUSTI, kejaba mung wong sing pada nyembah marang Baal.