2 Kings 10:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong-wong nuli padha lumebu arep sesaji kurban sembelehan lan kurban obaran. Anadene Sang Prabu Yehu wus mapanake wong wolung puluh ana ing jaba kang wus padha dipangandikani: “Sing sapa ngetogake bae manawa ana wong panunggalane para wong kang wus dakpasrahake ing tanganmu, kang bisa oncat, nyawane dadi gegentine wong iku.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong terus pada mlebu arep pada nggawé kurban sing dibelèh lan kurban obongan. Yéhu wis mapanké wong wolung puluh ing njaba sing wis pada diomongi: sapa sing ngejarké waé wong sing wis tak pasrahké ing tanganmu, sing bisa utyul, nyawané dadi gantiné wong kuwi.