2 Kings 10:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli damel serat kang kaping pindhone marang wong-wong mau, surasane: “Manawa sira padha mbiyantu ingsun lan padha gelem ngestokake dhawuhingsun, mara sira padha sowana marang ngarsaningsun nggawa sirahe para putrane gustinira, sesuk watara wayah mangkene menyang ing Yizreel.” Anadene para raja-putra pitung puluh iku padha ana ing panggonane para panggedhe ing kutha kono, kang padha nggulawentah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé Yéhu terus nggawé layang sing kaping pindoné marang wong-wong mau, isiné: Yèn kowé pada ngréwangi aku lan pada gelem manut karo tembungku, sampéyan pada tekaa marang aku nggawa sirahé para anaké ratu, sésuk wayah mengkéné menyang Yisreèl. Para anaké ratu pitung puluh kuwi pada ing panggonané para penggedéné ing kuta kono, sing pada nggulawentah.